Ilustrasi pujian sebelum shalat fardlu. Foto: istimewa. |
Dutaislam.or.id - Berikut ini adalah syiir Jawa populer yang biasa dijadikan pujian sebelum shalat berjudul Eman-Eman Temen (Sungguh Kasihan), yang mengajak rajin shalat. Biasanya, teks syiir ini populer di Bulan Rajab. Berikut teksnya:
اَسْتَغْفِرُ اللهْ رَبَّ الْبَرَايَا - اَسْتَغْفِرُ اللهْ مِنَ الْخَطَايَا
رَبِّ زِدْنِيْ عِلْمًا نَافِعًا - وَوَفِّقْنِيْ عَمَلاً صَالِحًا
Tanggal pitulikur, Rojab Nabi Isro’
‘king Masjidil Harom, ‘mring Masjidil Aqsho
Nabi Mi’roj dateng, Sidrotul Muntaha
Ing mongso sewengi, balik menyang Mekkah.
Nabi diweruhno, wong-wong kang disikso
Mergo ning dunyane, seneng karo duso
Alloh paring printah, sholat fardhu limo
Kang wajib dilako – ni mongso sedino.
Kang disik dihisab, amal rupo sholat
Dadikno bejo ing, dunyo lan akhirat
Biso Nyegah akhlak, elek tur munkarot
Wong ra tahu sholat, pantes sholatono.
Eman temen eman, wong sugih ora sholat
Nabi Sulaiman luwih, sugih gelem sholat
Eman temen eman, wong mlarat ora sholat
Siti Fatimah luwih, miskin tetep sholat.
Isin temen isin, wong ganteng ora sholat
Nabi Yusuf luwih, ganteng sregep sholat
Isin temen isin, wong ayu ora sholat
Siti Zulaikho’ luwih, ayu tekun sholat.
Rugi temen rugi, wong loro ora sholat
Nabi Ayyub suwe, loro tetep sholat
Rugi temen rugi, ‘cah pinter ora sholat
Sayyidina Ali, pinter tekun sholat.
Nggolek ilmu iku, prentahe agomo
Wiwit lahir tekan, numpak ing benduso
Wong kang duwe ilmu, ra bakal rekoso
Uripe mulyo ing, akhirat lan dunyo.
Mumpung isih enom, sregepo sinahu
Ojo nunggu tuwo, ora entuk elmu
Blajar wektu enom, koyo ngukir watu
Blajar wektu tuwo, koyo ngukir banyu.
Ilmu iku tine - mu kanti lelaku
Ilingo syarate, ono nem perkoro
Cerdas tekun sabar, serto duwe bondho
Nasehate guru, suwe ’jo kesusu.
Ilmu nur cahaya, sinar jagad raya
Pepaes sing duwe, Bodhoh salahe dewe
Sergep rajin tulus, Mungguh Alloh bagus
Nyawang mesti seneng, Ati ora peteng.
Ya Alloh kulo nyuwun, ilmu kang manfaat
Gesang mulyo slamet, ing dunyo akhirat
Ugi nyuwun faham, gampang lancar sehat
Mugi saged nglampa - hi dawuh syari’at.
Ya Alloh Gusti mugi, paring pangapuro
Dateng duso kulo, tiyang sepuh kulo,
Poro guru kulo, lan murid sedoyo.
Yen boten mekaten, dadikno ciloko.
Ya Alloh Gusti kulo, nyuwun pangapuro
Tiyang sepuh kulo, lan kito sedoyo
Ya Alloh kulo nyuwun, ilmu kang manfaat
Mugi saged nglampahi dawuh syari’at.
Demikian teks Eman-eman temen. Semoga bermanfaat. [dutaislam.or.id/ab]