Iklan

Iklan

,

Iklan

Lirik Pujian Syiir Kereto Jowo

Duta Islam #04
2 Okt 2024, 19:20 WIB Ter-Updated 2024-10-02T12:20:02Z
Download Ngaji Gus Baha
lirik syiir jawa kereto jowo tanpo weton gus dur
Ilustrasi kereta Jawa. Foto: istimewa.


Dutaislam.or.id - Berikut ini adalah lirik syiir pujian berbahasa Jawa yang berjudul Kereto Jowo. 


(Kereto Jowo)


Eling-eling siro menungso

Eling-nggono sholat lan ngaji

Mumpung durung katekanan

Malaikat juru pati.


Tumrap kanggo kabeh menungso

Gelem ra gelem bakal digowo

Dienggoni sandangan putih

Yen wis budal ora mulih


La ilaha illallah, la ilaha illallah

La ilaha illallah, Muhammadur Rasulullah


Tumpakane kereto Jowo

Rudo papat rupo menungso

Jujugane omah guwo

Tanpo bantal, tanpo kloso


La ilaha illallah, al-Malikul-Haqqul-Mubin

Muhammadur Rasulullah, shadiqul-wa’dil-amin


Omahe ra ono lawange

Turu ijen ra ono kancane

Ditutupi anjang-anjang

Diurug lan disiram kembang


Allahumma shalli ‘ala, Muhammad syafi’il-anam

Wa alihi wa shahbihi, wa sallim ‘alad-dawam.


Semoga bermanfaat. [dutaislam.or.id/ab]

Iklan